Telaga Sarangan
Telaga Sarangan yaiku salah sijining panggonan wisata tepate ing Magetan, jawa timur. Jaman semono kisahe telaga sarangan kui asline alas ing sajroning alas ana sing manggon ing salah sijining gubuk, sing digawe apa anane saka daduk sing penting iso aman saka panas lan udan. Sing lanang biasane nandur wit nang alas digae nyukupi kebutuhan saben dina, amarga panggonan nandur wez mulai kurang makane ndueni inisiatif gae mbukak lahan sing digae nandur agawe cara mbabati wit-wit an sing ana. Sing lanang ndueni jeneng pak parto lan sing wadon bu parti, saben wez sore pak parto balek tekan alas muleh nggowo apa kasile soko nandur. Dina iki pak parto nggawa telo saka kasil nandure. Tekan umah bu wati sumringah amarga ana panganan sing iso dipangan. Bu wati langsung nang pawon masak telo lan nggawe kopi, pak parto siram sak bubare siram masakane bu wati wez mateng lan siap dinikmati kanti seneng karo lungguh bebarengan. Pak parto crita yen kepengen mbabat alas amarga pengen tandurane tamba...