Tembang Dolanan dalam Bahasa Jawa
Tembang dolanan dalam bahasa jawa yaiku lagu sing biasa dinyayikake bocah - bocah digawe iringan supaya luwih semangat anggone dolanan amarga enek gerakan sing menarik lan iso dipraktekna.Nang tembang lagu dolanan ya ana makna utawa arti sing iso kapetik. Conto : lagu Menthok - Menthok nang arti lagu iki dadi uwong ojo males lan sregep anggone ngelakoni urip. Iki ana 10 lagu sing tak tulis digawe njangkepi tugasku.
1.
SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku
bathok
Bathoke
ela-elo
sluku bathok
Bathoke
ela-elo
Si Rama
menyang Solo
Oleh-olehe
payung motha
Mak jenthit
lolo lobah
Wong mati ora
obah
Nek obah
medeni bocah
Nek urip
goleka dhuwit.
2.
Ilir-Ilir
Lir-ilir,
lir-ilir
Tandure wus
sumilir
Tak ijo
royo-royo
Tak sengguh
temanten anyar
Cah angon,
cah angon
Penekno
blimbing kuwi
Lunyu-lunyu
penekno
Kanggo mbasuh
dodotiro
Dodotiro,
dodoiro
Kumitir bedah
ing pinggir
Dondomono,
jlumatono
Kanggo sebo
mengko sore
Mumpung
padhang rembulane
Mumpung
jembar kalangane
Yo sorako,
sorak iyo!!
3.
Jaranan
Jaranan-
jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak
ndoro bei
sing ngiring
para mentri
Jeg-jeg nong,
jreg-jreg gung
Jeg-jeg
gedebuk krincing
Gedebug
jedher
Gedebug
krincing
Jeg-jeg
gedebuk jedher
4.
MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok
tak kandhani
Mung solahmu
angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang
wae
Enak-enak
ngorok
Ora nyambut
gawe
Methok-menthok
Mung lakumu
megal-megol gawe guyu
5.
Padhang Bulan
Yo prakanca
dolanan ing njaba
Padhang
mbulan padhangé kaya rina
Rembulané
kang ngawé-awé
Ngélikaké aja
turu soré-soré
6.
DHONDHONG APA SALAK
Dhondhong apa
salak
Dhuku
cilik-cilik
Andhong apa
mbecak
Mlaku
dimik-dimik
7. Gambang Suling
Gambang
suling kumandhang swarane
Tulat tulit,
kepenak unine
Unine mung
nrenyuhake barengan kentrung, ketipung suling
Sigrak kendangane
8. Cublak – Cublak Suweng
Cublak cublak
suweng suwenge ting gelenteri
Mambu ketendeng
gudel
Pak empong
lera - lere sopo ngguyu ndelik – ake
sir – sir pong
dhele gosong
Sir – sir pong
dhele gosong
9. Kodok Ngorek
Kodok ngorek –
kodok ngorek, ngorek nyang mblumbangan
Teyot theblung
theyot theblung, theyot theyot theblung
Golek pangan
golek pangan golek golek pangn
Theyot theblung
theyot theblung, theyot theyot theblung
Bocah pinter
bocah pinter, besuk dadi dokter
Bocah bodho
bocah bodho, besuk kaya kebo
10.
Gundul – Gundul Pacul
Gundul –
gundul pacul..cul, gemelelengan
Nyunggi –
nyunggi wakul.. kul, gemelelengan
Wakul ngglimpang,
segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang,
segane dadi sakratan
isi makna lagu iki dadi pemimpin ora kena sombong. lan kudu iso mimpin rakyate nak sombong kui iso agawe bencana sing kudune iso bijaksana lan mimpin amarga kena penyakit sombong agawe rusak sakabehane
Comments
Post a Comment