Cerita basa jawa taman ria maospati



Taman Ria Maospati






Ing salah siji kabupaten magetan yaiku dalan gedhe maospati, desa pandean, kecamatan maospati, ana panggonan wisata sing ndueni jeneng Taman Ria Maospati. Panggonan iki ya rame amarga dadi panggon wisata sing kalebu murah rego tiket mlebu yaiku Rp. 5.000,00. Ing njero wisata Taman Ria iki ya ana werna – werna kewan kayata kidang, manuk, kethek lan uga panggonan dolanan kanggo bocah cilik yaiku prosotan lan bandulan sing iso agawe betah bocah – bocah cilik dolanan. Pemandangan kang endah lan hawa sing seger amarga akeh wit – wit sing ijo royo – royo lan apik yen digae foto bareng kalehan keluarga. Sing bakul ing sekitaran wisata iki ya akeh. Yen dina minggu ing panggon wisata iki rame amarga ya ana adol barang mobil ing pelataran parkir.  Akeh mobil sing dijejer lan ngebeki pelataran parkir ing wisata taman ria. 


Ing sekitaran wisata Taman Ria Maospati iki ya ana kolam renang sing jenenge “Kosala Tirta” tiket mlebune ya murah cuman Rp.5.000,00 nanging ora sben ndino buka. Tapi yen mrono dina minggu mesti buka. Ing njero kolam “Kosala Tirta” iki ana 2 kolam yaiku kolam renang bocah cilik lan kolam renang sing agawe bocah gedhe. Ana sing 1 meter lan 1,5 meter ing 1 kolam bocah gedhe iki cuman di batesi kalehan tali sing beda warna lan uga warna banyune iku ya beda sing ukuran 1 meter lan 1,5 meter. Ing njero kolam renang ya ana kantin sing nyediani ngombe, jajanan lan gorengan. Ono sing nyediani sewaan klambi renang lan ban sing lumayan manfaat kangge sing durung iso renang.
Acara tahunan ya diadakna ing Taman Ria Maospati iki contone yaiku pas tahun baru tanggal 1 Januari mesti ana acara dangdut sing biasane diadakna lan akeh peminate. Biasane regone tiket mlebu kira – kira Rp.15.000,00. Panggonan sing asri lan endah iki sing agawe akeh peminate lan iso digae hiburan warga ing sekitare maospati lan magetan. Akeh sing bakulan ing sekitare wisata iki ya iso nambahi golek penghasilan kelurga kanggo penduduk asli.

Comments

Popular posts from this blog

Lagu Sayang dan makna bahasa jawa

Teaching Writing

Evaluasi pembelajaran dalam literasi