wacan basa jawa
Contoh maca nyaring
Asal
mulane Kutha surabaya
Jaman
biyen ing segara antarane jawa lan madura, iwak yu ( sura karo baya, tukaran
terus rebutan wilayah kanggo golek pangan. Loro – lorone pada kuwate, trampile
lan julige. Nganti sawijining dina ana perjanjian: iwak sura wilayahe ing
segara, baya wilayahe ing dharatan.wiwite wektu iku, ora ana maneh tukaran,
nanging suwe- suwe sura nglanggar perjanjian, sheweke golek pangan nang kali –
kali adoh saka segara. Bab iki nggawe nesune baya. Banjur loro – lorone padha
perang maneh, perange malah luwih seru lan dahsyat. Sajrone perang tandhing
baya dicakot sura ing pacake buntut sisih tengah. Iwak sura dicakot baya buntute
nganti meh pedhot. Sura banjur mlayu menyang segara. Baya seneng atine, bisa
ngrebut wilayahe maneh. Tarung antarane sura lan baya mau banget negsemake. Mula
kanggo ngeling – ngeling prastawa iku, dhaerah iku dijenengake SURABAYA,
dijupuk saka iwak sura la baya, banjur gambare tarunge sura lan baya didadekake
kutha surabaya.
Conto
maca Ekstensif
Cenil, Panganan Murah Lan Ngangeni
Masyarakat
Jawa mesthi wae wis ora pangling maneh karo panganan sing jenenge cenil. Panganan
nyamikan utawa camilan iki uga klebu panganan tradhisional. Panganan iki uga
wis akeh tinemu ing pasar swalayan.
Cenil
utawa cethil yaiku panganan kang digawe
saka saripathine pohung utawa tela kaspe. Panganan iki sejatine wis dikenal dening
masyarakat puluhan tun kepungkur. Anehe, tembung cenil lan cethil ing kamus
bausastra Jawa nduweni teges kang beda. Cenil ateges samubarang apa wae kang
wujude bunder , cilik , sarta empuk mendal. Dene cethil aateges keladuk gemi
aliyas medhit
Meh
saben pasar tradhisional ana wong adol cenil. Biyasane para bakul panganan iki
adole ing wayah esuk nganti tekan awan. Dene saperangan kang adole ing wayah
esuk nganti tekan awan utawa sore, bareng karo para bakul grobagan. Para bakul
grobakan iki padha dhasar panganan cenil, bareng karo panganan klepon kang
digawe saka glepung ketan.
Panganan
cenil klebu panganan kang ora awet, amarga pancen ora nganggo bahan pengawet
kayata borak utawa formalin. Dadi pancen panganan alami lan natural. Mula kerep
didol nalika isih esuk nalika barange isih anget. Sejatine panganan iki rasane
anyep tanpa rasa. Mulane supaya ana rasane, adate para bakul nambahi parutan
klapa lan gula pasir sing lembut. Kadhang gula pasir diganti gula jawa. Yen dipangan
nganggo campuran mau rasane dadi gurih lan legi, ndadekake enak dipangan. Kang khas
saka panganan iki yaiku nalika dipangan krasa makcenil-cenil amerga pancen
empuk rada mendal-mendal.
Maca Kritis
JEMBATAN
SURAMADU, KUDUNE LEGI
Sura
ateges wani, utawa kendel, bisa uga ategese pahlawan. Madu ategese legi. Jembatan
Suramadu kudune rasane bisa wani luwih legi tinimbang madu. Jembatan kang
paling dawa ing Asia Tenggara iki nyambung antarane pulo Jawa lan pulo Madura. Dawane
ora kurang saka 5km. Diarani Jembatan Suramadu awit nyambung antarane Surabaya
lan Madura, banjur dicekak kanthi Suramadu. Dadi Suramadu iku Surabaya-Madura
Blegere
tretek utwa Jembatan Suramadu mula katon pengkuh, endah negnsemake. Menawa wayah
bengi sesawangane ngelam-elami ati. Awit lampu-lampu jembatan katon paling
krelip endah warna-warni. Kiwa tengene banyu segara angombak saya gawe
laam-laming ati. Mung emane, jembatan kang dibangun watara 10 tahun iki akeh
ninggalake crita memelas. Hla kepriye, lagi wae rampung diresmikake presiden
SBY Baut – baute padha ilang. Malah uga ana kang wayah lingsir wengi nyoba
nyopoti wesi –wesi sangisore jembatan nggawe las. Ora nggenah tenan. Wong tujuwane
jembatan suramadu iki kanggo kapentingan sing luwih jembar hla malah kok
diganggu gawe mung karana nguber butuhe dhewe. Kajaba iku, ing bab keamanan
isih keprungu warta kurang maremake. Isih ana kang ngadhang dalan njaluk meksa,
ana kasus penculikan polisi ing lingkungan Suramadu, Isp. Ana maneh bab
kebersihan, sakiwa tengene jembatan uga perlu ditata maneh supaya luwih resik
gemrining. Dadi kang mrasanja dadi seneng atine, marem rasa jiwane. La yen
pembangunane iku ana pro kontra ya wis mesthi ana. Ana ing sing setuju, ana
sing ora, hla ya mesthi lumrah. Nanging rak ya kudu mikir adoh lan jembar. Kapentingan
umum kudune luwih ditengenake.
Jembatan
iki kajaba minangka sarana perhubungan, saiki uga minangka sarana rekreasi. Akeh
para wisnu lan wisman kang nyoba liwat jembatan suramadu. E, ya kok nggleser
kepenak, senajan tarif tol-e ya rada krasa. Nanging, yen tinndhing karo wragad
mbangun, tarif tol samono mau ya jan isih adoh ngangut.
Mbangun iki kapetung angel, luwih agel
maneh ngopeni asile pembangunan mau. Mulo ayo, saiki Suramadu mau dijaga supaya
awet lestari, kareban bisa kanggo sarana perhubungan ekonomi, sosial, budaya,
hankam, politik. Lan minangka sarana wisata. Suramadu mula isih butuh
diwedhaki, dilipstiki, diwenehi lotion supaya luwih ayu lan luwih ndemenake lan
banjur bisa dideleng generasi mbesuk yen embuh buyute nduwe tinggalan
pembangunan sing peng -pengan
Comments
Post a Comment